
” Ajur Ajer”
Kathah ingkang sami ngendikakaken, dados abdidalem punika “awrat” punopo malih ingkang sampun Kaparingan utawi kapatedhan ganjaran pangkat Abdi dalem santana, samukawis tumindak, muna muni dateng sok sintena, kedhah saget njumbuhaken, kalayan pangkat ingkang kasandang, punopo malih ageman ing ngajeng sisih kering kapasang simbol karaton dalem, “Radya Laksana” Kedhah saget nglenggahaken,
Sopo Siro sopo ingsun, sabab simbol radya laksana paringdalem puniko pinongko “waskat”, pengawasan melekat, dateng ingkang ngagem, pramilo sok sinteno ingkang sampun kagungan niat dados abdidalem, kedhah tansah eling, waspodo, dateng tumindak, Sikep, muna muni, ingkang lerekipun saget damel kuciwaning manah saha panggalih asanes. Kados gambar ingkang kapasang sisih kering Santana Riyo nginggil, KRH. Sarjono Wira Manggolo, S.Pd., S.H., M.H.,C.Me,, saha ingkang kanan KRH. Singha Adiredjo, pangajab piyayi kekalih punika saget, nglenggahaken pangkat saha sesebatan, ingkang sampun wenang kasandang, ing tengah kekalihipun sami sami hajengku duwung jangkung Sepuh, pinongko pratanda.. Mugi mugi saget dados tuntunan lampah, sadaya sedya sambada, ingkang kagayuh tuwuh, ingkang piniji dadi, jagat sak isinipun pinongko seksi… Berkah dalem… Mawujud.
(Red)